Contoh Cerkak Bahasa Jawa

Cerkak Bahasa Jawa
"Sayembara"

Ana randha kempling, ayune uleng-ulengan nganti ora bisa nyritakake saking ayune. Nganti ngalah-ngalahake sing isih prawan, tenaan kuwi. Ringkese, cara wong tuku

ngono, timbang prawan-prawan sakiwa tengene, wani maju rega sithik pilih mbok randha iki. Tenaankuwi.Akeh wong lanang sing kepencut. Malah ora mung kepencut, nanging kedanan. Mugine para dhudha-dhudha lan jaka kasep, padha jor-joran narik kawigatene mbok randha kempling. Warna-warna solah lan patrape kanggo ndudut atine. Ana sing ngajak njajan nyang restoran mewah, ana sing ngampiri nganggo mobil ngajak piknik, ana sing ngirimi kembang, ana sing kirim layang, lan liya-liyane. Nganti akhire si Sekarlathi randha kempling iku ngerti yen akeh wong lanang sing ngesir dheweke.Mbok menawa merga judheg olehe arep milih, randha Sekarlathi pasang pengumuman sayembara. Ngene unine sayembara: ora mawas asor luhuring drajat endhek dhuwuring pangkat sithik akehe semat, sapa bisa ngungrum nganti ngruntuhake rasaku, wenang ningkah karo aku. Sayembara diadani ing pendhapa Mlathi, wiwit jam wolu esuk, dina Senen tanggal loro. Sarate mupu sayembara: kudu dhudha. Aku: sekarlathi, randha

kempling. Bareng maca wara-wara iku, atiku kaya di osikake. Semangatku kaya digugah, pokoke aku arep mupu sayembarane mbok randha kempling. Mula ora susah mikir

dawa aku enggal ndhaptarake,kari ngenteni dina tempuking gawe: Senen tanggal loro. Muga-muga ora akeh sing mupu, dadi tandhingku ora akeh.

Nanging upama sing ndhaptar akeh, aku ya wani jor-jorane kok. Aku ngerti wewadine wanita kok, angger dialembana rnesthi seneng atine.
Wiwit iku aku utheg ngracik tembung-tembung pangungrum, dak gawe pirang-pirang racikan tembung lan ukara. Ing antarane uga dakracik mawa tembang, engko kari milih

salah siji endi sing kira-kira jitu tenan. Cekake, aku kudu menang ing sayembara iki.Tekan dina tempuking gati, esuk-esuk aku wis teka ing pendhapa Mlathi. Iku pendhapa wangun joglo payone sirap tinggalane mbah lurah sepuh biyen, embahe Sekarlathi. Tekan kono jebul durung ana sing teka kejaba panitrane.
“Sing mupu sayembara akeh, Mbak?” takonku.
“Mung kari wong lima kok Mas,” saure.
“Kari wong lima? Maksude piye, Mbak?”
“Sekawit sing ndhaptar akeh banget.
Banjur dipilih sing las-las, sing mentes-mentes. Sabab yen ditekakake kabeh bakal kesuwen. Ketemune kari wong lima sing kena maju, mangga dienteni wae sedhela maneh rak padha teka.”
Bener kandhane panitra iku, let Sedhela teka wong siji. Nanging gawe gawok rasaku sabab dheweke iku wong bule. Batinku takon: wong bule ki apa ya bisa basa Jawa sing

apik. Lagi wae mbatin, wis digawe luwih gawok maneh merga dheweke ngaruhi aku kanthi krama alus.
“Ndherek tepang Mas, nami kula Jono saking Australia. Asma sinten, lenggahipun pundi?”
Karo nyalami tangane aku mangsuli, “Kula Surya, saking tlatah ngriki kemawon. Mas Jono kok ketarik sayembara, menapa kepengin krama wanita Jawi?”
“Alah Mas, namung kula angge pawitan srawung kalihan kadang-kadang kula tiyang Jawi.”Let sedhela teka maneh wong loro, terus nepungake.

Jenenge David lan Fredy. Batinku nggrahita, “Sing wong Australia, bule asli jenenge Jono, jan jeneng Jawa. Iki sing wong Jawa, kulit soklat asli, malah jeneng David

lan Fredy. Jamane wis kewalik-walik.”Keri dhewe teka maneh wong siji. Lan iku jan ngagetake aku kaya tekane bledheg ing wulan Agustus: Kang Sodrun, kakangku dhewe. Sakala atiku pepes, awakku lemes. Kang Sodrun iku sastrawan kondhang sak Nusantara, pangungrume mesti maut tenan. Lha yen aku mungsuh dheweke ki rak bebasan timun mungsuh duren, diglundhungana remuk ditabrak mesthi ajur mumur. Dak pikir-pikir Kang Sodrun ki ora tliti olehe maca wara-wara. Sarate mupu sayembara iki rak kudu dhudha. Lha Kang Sodrun ki rak ora dhudha, genah Yu Sodrun isih meger-meger ngana.Dakpikir-pikir maneh, ana keringkihane Kang Sodrun. Mengko yen dheweke menang, terus wenang nikah karo Sekarlathi, arep dakkandhakake Yu Sodrun. Wis ben, Balerejo klakon gager kepati, gegere Kang Sodrun nglamar randha ayu. Ben dikrawus nganggo ampas lombok pisan!
Dakpikir-pikir maneh, keringkihane Kang Sodrun ki ana nggon tembang. Swarane elek tur blero. Mangka pethinganku ki ya nggon tembang kuwi. Wis mantep,

mengko aku ngetokake racikan pangungrum sing wujud tembang. Kang Sodrun mesthi K-O. Iki dudu cekakan saka Knock Out, iku rak basa Inggris. K-O ki cekakan basa

Jawa asli: Keok. Yen liwat tembang, Kang Sodrun mesthi keok tandhing aku.Jam wolu thet sayembara diwiwiti. Sekarlathi dandan cara Jawa. Prasaja banget tanpa pupur lan gincu. Malah rambute sing dawa ketel wae mung digelung tekuk, pucuke katon nglewer. Malah... wah-wah...waah... aku nganti ora bisa nyritakake. Bausastra Jawa nganti kekurangan tembung kanggo nggambarake ayune. Lha wong manuk-manuk mabur wae padha merlokake mencok ing wit ngarep pendhapa, mung kepengin melu nyawang ayune Sekarlathi. Wah-wah-waah.Metu saka omah mburi, lenggah ing kursi ukir terus ngubal-ubal esem ngujiwat marang kang padha arep mupu sayembara, tanpa perduli jantunge para priya iki dadi kroncalan ing jero dhadha. Aku nebah dhadha, merga jantungku arep mencolot metu nyedhaki dheweke.Panitra wiwit ngumumake, “Sayembara diwiwiti. Angka siji: Mas Fredy”Fredy maju nyaketi Sekarlathi, wiwit ngungrum, “Oh Dhik Sekar pepujaning atiku. Sanadyan akeh mobil lan traktor nggereng-nggereng, jagad iki rinasa sepi mamring kaya kuburan yen ora ana sliramu. Mula Nimas, gelema lenggah jejer karo aku, dimen rame jagadku.”Sekarlathi nyawang karo mesem, keprungu swarane lumer kaya lenga kletik, “Pangungrum-mu apik Mas. Emane ana rong prekara sing gawe kuciwa. Siji, jenengmu Fredy, dudu jeneng Jawa. Loro, aku iki mung kok padhakake

mesin traktor kanggo gawe rame kuburan. Nyuwun ngapunten, aku ora bisa nampa.”
Fredy clelekan mundur. Panitra nyeluk, “Angka kalih: Mas David.”
David maju nyaketi Sekarhathi, wiwit ngungrum, “Oh Dhik Sekar tuntunging atiku memaniking netraku, jagad iki rinasa peteng ndhedhet kaya kebon suwung ing wanci

ratri yen ora ana sliramu, sanadyan srengengene tetep sumunar kencar-kencar. Mula gelema sesandhingan karo aku, dimen padhang jagadku temah mulya uripku.”
Sekarlathi nyawang karo mesem, keprungu swarane, "Tembung-tembungmu cukup apik, Mas. Emane, padha karo Mas Fredy jenengmu dudu Jawa. Uga padha karo Mas Fredy,

surasane tembung mung nyekolekake awakmu. Siji maneh:aku iki mung kok padhakake lampu neon kanggo madhangi kebon suwung. Mas, yen kepengin kebonmu padhang, tukuwa

lampu nyang toko alat listrik. Aku ora bisa nampa Mas.”Clelek-clelek, David mundur saka glanggang. Panitra ngundang maneh, “Tiga: giliranmu Mas Jono.”
Wong bule iku maju nyaketi Sekarlathi.“Nyuwun ngapunten, gineman kula taksih karaos kagok, dereng saged kados tiyang Jawi asli. Mila kula badhe nyekar Dhandhangguha kemawon, kantun manut titi larasipun: ayu kuning kuningnya mathingthing, astanira nggandhewa pinenthang, pamidhangane andhetheng, rikmanira macenthung, sinomira pating clakenthik, wela-weha tur cetha, sandhuwuring bathuk, pantes ngagem klambi pethak, manise yen cecundhuk sekar melathi, lir putri ing Wiratha.”
Sekarlathi nyawang karo mesem. Keprungu swarane, “Kula aosi krana pinten-pinten bab. Setunggal, panjenengan tiyang Australia asma John Smith, nanging krana tresna

dhateng basa lan budaya Jawi, asma kagantos Jono Semito. Kalih, swanten panjenengan sae nadyan cengkokipun namung prasaja lan baku. Tiga, cakepan sekar mawi Purwakanthi guru sastra, mendhet aksara tha, sae sanget. Emanipun, menika sanes anggitan panjenengan piyambak, namung mendhet cakepan lami. Dhandhanggula

mathingthing menika sampun wonten wiwit jaman embah-embah kula rumiyin. Kanthi pawadan menika kula mboten saged nampi. Nyuwun ngapunten.”
“Mboten dados menapa, Dhik,” saure Jono. “Kula saged ndherek ngregengaken sayembara menika kemawon sampun remen sanget Dhik, nadyan mboten menang.”
“Maturnuwun, Mas Jono,” ucape Sekarlathi.
Panitra ngundang maneh, “Angka Sekawan: Mas Surya.”
Aku maju nyaketi Sekarlathi. Mak brebet gandane kekonyoh saka anggane, sedhep wangi cundhuk karo wonge sing ayu. Aku miwiti, “Dhik Sekar. Ngadhep sliramu,

nyawang ayune citramu, mambu wangine gandamu, aku rumangsa kaya ora ngambah lemah nanging kaya tumumpang mega ngadhep widadari kang wenang murba atiku. Satemah

aku ora kuwawa ngronce tembung, bisaku mung arep ngidung, tembang sinom iki muga dadi jampine wuyung:

Inten-intening wanita, sajagad tan ana kalih, prasasat wulan purnama. Gumebyar madhangi ratri, pantes sun kawulani. Sun rewangi dadi batur, leladi mring Andika.

Mustikane wong sabumi. Muga-muga asihmu runtuh mring kula.”Krungu pangungrumku, Sekarlathi ngulatake aku karo ngacungake jempole. Ora lali ngumbar esem ngujiwat. Oh, mak sirr jantungku. Sajake kepranan atine, keprungu guneme:“Mas, krungu tembangmu aku rumangsa sengsem, bombong, nanging uga trenyuh. Sengsem awit swaramu arum

ngumandhang, cengkokmu gawe mrinding. Bombong merga surasane tembang ngalembana, ngajeni lan njunjung wanita. Trenyuh, krana kanggo ngrogoh atiku kok rewangi

dadi batur. Kowe klebu priya sing pantes ditresnani Mas.”
Tekan kono guneme Sekar, batinku nyumbari Kang Sodrun: rasakna Kang, dheweke wis tiba tresna karo aku, jelas kowe bakal keok tandhing aku, ha-ha- ha.
“Emane” tutuge Sekarlathi. “Aku kok ndadak diajak mabur ancik-ancik ing dhuwur mega. Yen nganti ceblok apa ora bonyok kabeh pipiku. Mula kanthi rasa abot aku kepeksa

durung bisa nampa sliramu.”
Adhuh, mati aku. Tiwas sumbar jebul gagal. Panitra ngumumake, “Kari siji sing durung maju: Kang Sodrun.”Kang Sodrun galeyah-galeyah maju, nyaketi mbok randha,

terus wiwit guneman, “Dhek Sekar kang pinuji. Ing donya iki akeh banget wong ayu, nanging sliramu pancen beda karo liyane, katitik wis kuwawa ngrubuhake betenging

katresnan. Mulane aku kepengin sesandhingan, kepengin dadi kancamu nalika kowe kasepen, kepengin dadi perawatmu nalika kowe lara, kepengin dadi kekasihmu nalika kowe nandhang wuyung, kepengin dadi pengawalmu nalika kowe lelungan, kepengin dadi pengayomanmu nalika ana bebaya, kepengin dadi gurumu nalika kowe ora ngerti, kepengin dadi kulawargamu ing satengahing urip bebrayan. Yen perlu aku saguh dadi kesetmu nalika sliramu gupak telek. Ringkese, aku kepengin ana sandhingmu nalika kowe mbutuhake, Nanging kawruhana, aku iki wong lanang cingkrang, uripku mung pas-pasan, dadi aturku kabeh mau ya mung sagaduking kemampuanku. Upamane ora kasdu nampa aku, manjinga dadi sedulur nganti salawase.”Rampung guneme kang Sodrun, keprungu tanggapane Sekarlathi, “Kang Sodrun. Lumrah lan prasaja tembungmu, nanging bener Ian nyata. Tembunge manca: realistis lan iku sing dak karepake. Ora susah mabur tekan ndhuwur mega, muluk ngungkuli gunung nanging lumaku tumapak bumi. Kowe ngaku wong cingkrang, nanging nyatane kabeh sing dakbutuhake kok cawisake. Aku mung butuh kanca, perawat, pengawal, kekasih, kulawarga kaya sing kok janjekake mau. Mula kanthi iki dak tetepake:Kang Sodrun sing menang lan wenang nikah karo aku.”Wong-wong padha keplok, ning aku wegah. Dhadhaku ampeg, napasku Seseg, atiku mangkel karo Kang Sodrun sing

njalari aku kalah. Coba yen dheweke ora melu, genah aku sing menang. Jane aku kepengin njotos dheweke nanging ora wani, wedi yen kuwalat maneh. Ya wis trima meneng,

nanging batinku ngincim: pokale Kang Sodrun iku arep dakwadulake Yu Sodrun, ben diamuk, dikrawus bathuke, diuyeg rambute, terus dikrawu ampas lombok sak layah

kebak ben kawus.
Setengahe nggagas ngono, lha kok Yu Sodrun ketebang-ketebang teka. Sokur-sokur, genah geger iki mengko. Kang Sodrun mesthi diuyap nganti nggasit tenan. Rasakna

Kang. Nanging polatane Yu Sodrun kok katon ayem wae, ora kaya ulate wong arep ngamuk. Bareng wis cedhak, ora nyaketi Kang Sodrun, nanging nyaketi Sekarlathi.

Guneman sareh kaya adate.“Ngapunten Dhik Sekar. Sajake olehmu milih kok kurang tliti.”
“Kurang tliti piye, Yu?” takone Sekarlathi.
“Sarate rak kudu dhudha. Lha sing kok menangake iku wong duwe bojo.”
“Kang Sodrun? Bojone sapa?”
“Aku iki bojone.”
Sekarlathi kaget, mencereng ngulatake Kang Sodrun.
“Piye kok ngono, Kang?” takone. “Kok ora jujur?”Kang Sodrun mangsuli sareh, “Saiki aku dakjujur. Olehku melu sayembara iki jare ora kanggo awakku dhewe,

nanging kanggo adhiku. Mesakake, bola-bali arep rabi gagal terus. Mula dakjaluk rilane atimu, kemenanganku iki dak ligerake marang adhiku Surya.”
Sekarlathi tumungkul sajak mikir, wekasan tumenga karo kandha, “Aku setuju, Kang. Kanthi iki dak tetepake, sing wenang nikah karo aku: Mas Surya.”
Aku ora bisa nahan wetune eluh. Rasa seneng trenyuh campur dadi siji karo rasa getun. Getun olehku ngunek-unekake Kang Sodrun, nadyan mung dakbatin. Alon-alon

aku nyaketi Kang Sodrun, jengkeng ing ngarepe, tangan nyekeli dhengkule. Karepku arep njaluk ngapura, nanging lambeku bungkem. Mung sak tembung sing bisa kumecap, “Maturnuwun Kang.”Kang Sodrun lan Yu Sodrun padha ngguyu nyekekek, nggeguyu aku.
• (Cuthel)


0 komentar:

Posting Komentar

Total Tayangan Halaman

Terbaru

Code of Ethics BK

CODE OF ETHICS BK Code of ethics is a pattern of rules / rules / ordinances that serve  as guidelines to live the duties an...